Kamis, 30 Juli 2009

SALOKA

1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kangg ilang.
Aku duwe kanca kang jenenge Difa lan Dina. Dina kuwi duwe polpen anyar lan apik. Difa kepengen popen mau. Amarga ing toko sing cedhak ora ono, Difa njupuk polpene Dina. Dina ngomong marang kanca-kancane yen polpene ilang. Kanca-kanca padha nuduh Difa, nanging Difa ora ngaku. Akhire Difa melu nggoleki polpen kang ilang mau.

2. Bebek diwuri nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa.
Fauziya kuwi kancaku. Saben pelajaran, deweke bisa lan pas ulangan bijine apik-apik. Fauziya kuwi murid kang pinter. Yen dikandani manut lan yen diwulang mesthi mudheng.

3. Ati bengkong oleh oncong = wong kang duwe niyat ala oleh dalan.
Ing sawijining dina, ana jam olahraga. Nanging, Dodo lan Odi ora melu. Pas iku, Dodo ora duwe sangu lan pengen jajan. Dodo duwe pikiran yen pengen njupuk duwite kancane, nanging ana Odi. Delalahe,Didi Odi ono bimbingan lan ing kelas ora ono uwong kecuali Dodo. Dodo langsung ngguyu lan njupuk duwite kancane.

4. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane.
Ing musim panas, sumure P. Aryo asat. Mulo, keluwargane P. Aryo yen pengen siram kudhu ngangsu disek. Efi (putrane P. Aryo) ora gelem ngangsu, nanging Efi arep adus. Banyu kang uwes dipundhut dening P. Aryo dienggo Efi adus.

5. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Toni kuwi nakal. Senengane mabuk-mabukan lan judi. Yen main judi dheweke kalah terus, nanging isih main terus lan yen dhuwite entek Toni utang marang kancane. Akhire, utange Toni numpuk-numpuk. Kancane Toni kerep moro ing omahe Toni kang tujuane nagih utang. Amarga Toni arang ing omah, lan ing omah ana wong tuwane Toni mulo kanca-kancane Toni ngamuk-ngamuk marang wong tuwane.

6. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
P. Doni punika pengusaha ingkang berhasil. P. Doni kagungan 2 putra. Kabetahan keluarga P. Doni kecakepan,amargi penghasilanipun cekap. Ing sawijining dinten, usahanipun P. Doni bangkrut. Wonten tiang ingkang mblenjani P. Doni. Sakpunika, kabetahan dipunkurangi, amargi penghasilanipun kirang cekap.

7. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
Tukang kayu butuh uwit kanggo gawe lemari,meja,kursi,lsp. Awale barang saka uwit, dikethok lan didadekake barang-barang kang di gawe. Barang kang uwis dadi, ora iso dadi uwit meneh.

8. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
Bari kuwi murid ing sawijining SMP. Dheweke dikenal nakal. Salah sijine seneng ngganggu kancane. Tur Bari kuwi bodho.

9. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
Aku nduwe kanca kang senengane nyolongan. Amarga kancaku menengan lan alim, ora dikira dheweke seneng nyolongan.

10. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
Tika kuwi kaya bocah cilik. Senengane dolanan bareng-bareng bocah cilik. Ora isin yen dheweke dolanan dolanane bocah cilik. Padahal, dheweke uwis SMP kelas 3.

11. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
Bu Dewi kagungan putra kembar. Jenenge Deva lan Devi. Devi kuwi bocah kang pinter, sregep, lan manut kaliyan bapak ibune. Nanging, Deva sebalike. Bu Dewi ora seneng karo Deva,mulo kekarepane Deva arang dituruti. Nanging yen kekarepane Devi mesthi dituruti.

12. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
Fita kelas 3 SD nanging ues ngerti penggaweyan. Kayata, nyapu, ngepel, lsp. Fita uga sregep sinau lan dadi juara kelas ing kelase. Fita gampang diatur, ora kaya bocah cilik biyasane. Fita kuwi uwis kaya uwong gedhe.
13. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan
Lia nduwe dhuwit Rp30.000,00. Lia pengen banget nduwe boneka lan dhuwit kuwi arep di enggo tuku boneka, nanging Lia kudhu mbayar buku. Akhire duwit kuwi di enggo mbayar buku lan ora sido tuku boneka.

14. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
Yen ana tambahan ing kelasku, aku lan kanca-kancaku padha gawa bekal. Nanging ana sing ora nggawa bekal. Biyasane seng ora nggawa bekal tuku ing kantin. Dio arang nggawa bekal lan ora tuku, nanging seneng njaluk nggone kancene. Yen dheweke seng nggawa, ora gelem menehi kancane.

15. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
Anti kuwi murid kang pinter, apik, lan sopan. Dheweke juara kelas. Anti ora sregep. Ngewangi ibuke tanpa diprentah ndisek. Gelem nyapu omah, ngewangi masak, ngepel,lsp.

16. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
P. Bagus kuwi sugih. Omahe gedhe lan mobile 4. Anake wae yen sekolah nggawa mobil. Nanging padha sombong. Ora gelem kumpul bareng tanggane. Apa meneh yan tanggane ora sugih. Mulo, tetanggane padha ora seneng keluargane P. Bagus.

17. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
Putri nyilih bukune Dilla. Amarga bukune arep dienggo, Dilla moro ing omahe Putri. Pas iku Putri ora neng omah lan ngenteni. Ngentenine ono sak jam luwih, nanging Putri tetep ngenteni. Akhire Putri tekan omah lan menehno bukune.

18. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
Istirahat Abby pengen ing WC. Abby ngajak Dion ing WC,amarga ing WC sepi. Abby diguyu kanca-kancane, nanging Abby biyasa wae. Kanyata, Abby kuwi wedi nggon kang peteng lan sepi.

19. Meneng kitiran = ora bisa anteng
Odi kuwi murid kang seneng ngganggu kancane. Seneng ngumpetno barange kancane. Yen wektu diterangno, sediluk-diluk obah terus lan seneng mlebu metu kelas.

20. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
Dina iki ana jam pelajaran bahasa inggris. Pas diterangno, padha rame. Awale diingetake yen ojo rame,nanging tetep padha rame. Gurune nesu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar